Bararema
Bararema. Awale jenenge iku Baranade, kos kosan isine arek Malang kabeh, tapi karena duwe hak otonomi gawe mendirikan "organisasi" dewe dek njobo e Maharema, dadi terbentuklah Bararema. Kos kosan sing itungan e luas e ombo dewe sak Bintaro Raya. Kos kosan sing duwe latar sing kirane isi diisi sampe 4 mobil, sampe tau digawe lapangan badminton karo arek arek. Lek ono acara Maharema, Barande selalu dadi venue ne.
Aku kaet eruh ono kos kosan iki sejak mlebu dek grup camaba PKN STAN. Pertama kali weruh kos iki tanpa pikir panjang langsung booking nang Mas Najib. Sing dadi pertimbanganku gawe milih kos iku ono 2. Siji isine arek Malang kabeh, sing keloro ono wifi ne. Pertama kali weruh kos kosan e iku kesanku langsung nyaman, soal e isi arek Malang kabeh dadi ga susah gawe adaptasi.
Dek kos iki ono macem macem arek e, mulai tukang sobo ne gym (Hafidh, Widyan, Aldi), atlet badminton (Tian), DJ ngerangkep dadi muadzin (Opel), arek paling ruajin, meneng tapi lek ngomong titik langsung nylekit (Agung), duet maut sing bendino ono ae sing didebatno (Aldo karo Patria), filosofer asal Genteng (Santet), pembalap jalanan Arjosari (Reno), Aremania zona Utab (Hafidz), Antek antek Nippon (Ade), dan wakeh maneh wes macem e.
Kos iki selalu rame gatau sepi ono ae hal sing garai rame, mulai delok Liga Champions, delok Liga Inggris, dan sing garai kos iki tambah rame iku lek wayah Arema main. Jan ramene podo karo dek Stadion Kanjuruhan. Lek suwung utowo bosen pasti ngegame opo lomba nang ruang tengah. Embuh nge-PES, PB-an, sampe lomba ngevape. Kosan iki yo iso diarani stasiun, soale roto roto arek e akeh sing sebat, tapi akhir akhir iki berubah dadi nge vape.Luwe melanda? Gampang, kari delivery nang Warung Sobat, sampe Warung Sobat dewe duwe kurir khusus gawe ngeterno nang kos Bararema. Luwe tengah wengi? Gampang, kari ngejak arek arek sing sek melek nang Warmindo wes.
Tapi saiki wes entek masaku dek kos iki. Arek arek akeh sing PKL dan pindah kos gawe ngekei kesempatan gawe adik tingkat ben gampang oleh kos kosan. Kos kosan iki bakal angel gawe dilalekno. Gawe penghuni Baranade saiki pesenku mek siji rek. Gawenen Baranade iki tetep rame, sering sering dulin karo konco kosmu Baranade. Soale lek ono opo opo bakale konco kosmu sing bakal nulungi disek. Gawe arek arek Bararema D1 sing PKL semangat rek, tak enteni mben rapelanmu, sing gawe D3 semangat pisan rek, kene sek bakal ngejalani 4 semester maneh. Aku gatau nganggep arek arek Bararema sebagai koncoku, tapi sebagai dulurku. Dulur seperjuangan gawe bertahan dek PKN STAN iki. Suatu kebanggan dan kehormatan iso kenal, koncoan, dan seduluran karo umak kabeh rek.
Tertanda
Sabiq, arek kamar tengah Bararema

Komentar
Posting Komentar